Selasa, 10 Oktober 2017

pengalaman pribadi

KELANGAN MOTOR
                Dina kemis bengi aku karo kancaku neng pasar malem jajan karo numpak kurungan manuk. Rasane seneng banget, saking senenge ngasi lali wektu. Jam 10 bengi aku bali karo kancaku, sakwise tekan ngomah kancaku do ora langsung bali malah mampir neng ngomahku cerita-cerita karo mangan jajanan seng dituku neng pasar malem. Saking asik e cerita-cerita kancaku digoleki bapakne kon bali. Sakwise kanca bali aku mlebu omah wisuh terus njujuk kamar langsung turu. Sakdurunge turu aku kepikiran yen motorku urung tak kunci stang ora duwe firasat blas nek motorku bakal ilang. Terus aku turu kaya biasane angler leku turu.
                Saben dina aku ngeterke mamakku neng pasar. Kaya biasane jam 5 esuk aku digugah kon ngeterke neng pasar. Pas aku metu tanggaku ngarep omah sek pendak esuk nyapu ngeruhi yen motorku kok ora ana ning garasi. Pancene garasi omahku kuwi ora eneng lawange. Dikirane tanggaku motorku dilebokne neng njero omah.
Terus tanggaku takon “motormu neng ngendi? Tok lebokne njero omah po?”
Urung ngasi ndelok motore uwes tak jawab  “ora, la kuwi motorku neng njobo kaya biasane”
Terus aku ninguk jebule motorku ora eneng, posisi kuwi aku urung panik lan urung reti yen motorku ilang.  Banjur kuwi aku takon mbakyu ku menawa motorku di lebokne ngoamahe apa ora.
“ mbak motorku neng ngomahmu ora?”
Jawabane mbakyu ku “ ora lakyo neng garasi kaya biasane to?”
Krungu jawabane mbakyu ku aku kaget lan panik motorku ilang. Kabeh keluargaku terus do tangi karo nakoini  bener opo ora yen motore ilang. Aku lagi kelingan yen motorku mau bengi ora tak kunci stang. Banjur kuwi aku karo mbakyu moro neng polsek nglapor yen motorku ilang dimaling.
Bar seko polsek aku iseh nangis ngasi tekan omah, mamakku reti yen aku nangis iseh getuni yen motore ilang trus dinenengi.
“uwis ora papa nduk, sesok nek iseh rejekine yo bakal bali yen ora sesok mugo diganti sek luwih apik”

                Rasane iseh ora nyangka wae yen motor sek ngeterke aku neng ngendi-ngendi ilang dimaling. Tega-tegane sek jupuk motorku kuwi. 

Senin, 18 September 2017

drama bahasa jawa

TRESNA SEGITIGA
Bel istirahat wes muni tetttttt tetttttt
Ani      : “Eh mas dimas… mreneo sikik aku arep ngomong penting!”
Dimas  : (Mlaku marani Ani) “piye an? Penting banget po?”
Ani      : “iyo, kowe mengko sore jam 4 selo ora?”
Dimas  : “selo sih.. la piye, ana apa?”
Ani      : “nek selo tulung temuni aku neng taman lampion mengko sore yaa!”
Dimas  : “la eneng apa to an?”
Ani      : “ya pokoke rono o mengko sore jam 4.”
Dimas  : “ya mengko tak rono”
Ing taman lampion jam 4 Ani wes nunggoni tekane Dimas. Ora let sedela Dimas tekan.
Dimas  : “piye an kadingaren kwe ngejak ketemu ning kene?”
Ani      : (tanpa basa basi Ani langsung nyampeke karepe sek wes di simpen suwe ning njero atine) “ngene mas, aku ki sakjane wes suwe tresna marang awakmu nanging aku wedi arep nyatake rasa tresna ku iki. Iya pancen ora semestine yen cah wedok kuwi nyatake tresno sikik. Nanging piye meneh aku wes ora sanggup nyimpen rasa iki”
Dimas  : “An, kowe ki wes tak anggep gur kanca, dadi njaluk pangapura aku ora bisa nampa tresnamu kuwi”
Ani      : “lohhh… keneng apa kok kowe raisa nampa tresnaku iki, apa ra ana kesempatan nggo bukak atimu?”
            Seka kadohan ana sek jeluk Dimas
Sri        : “mas dimasss” (karo marani dimas)
Dimas  : “ehh sri rene.”
Sri        : “ Sorry ya, aku telat merga mau nunggu angkote suwe”
Ani      : “iki sapa mass?”
Dimas  : “ wo iya.. iki kenal ke jenenge Sri, pacarku”
Sri        : “aku Sri mbak.” (karo ngulungke tangan)
            Tanpa omong apa-apa lan ora nggagas tangane Sri, Ani lunga tanpa pamit. Dheweke reti keneng ngapa tresna ora dibales ya mergo Dimas uwes duwe pacar.






Jumat, 15 September 2017

cerkak

Salah Anggepan
Ing dina minggu awan Adi marani omahe Rara “Mbak endi kartu perdanane?” banjur Rara nyaut omongane Adi, “ Nyoo tapi aku gaweke kaya nggonmu lo!”. “Ya mbak tapi ora saiki ya” wangsulane Adi. Dina lanjute Adi marani omahe Rara gawake kang sek dijanjike ananging urung iso rampung mergane dheweke urung iso. Akhire Adi ngomomg karo Rara yen HPne digawa arep kon nggaweke kancane Adi. Sakwise HPne wes dadi banjur dibalekke nggone Rara meneh. “Nuwun yaa wes digaweke”, “ya mbak” wangsulane Adi.
            Bar Adi dijaluki tulung karo Rara, dheweke saben dina moro ing omahe Rara jare gur pengen dolan. Ananging Rara ora reti yen tujuane Adi kuwi saben dina moro gur pengen nyeraki dheweke. Adi nduwene rasa katresnan marang Rara. Rara mung nganggep yen Adi kuwi kaya adhine dewe.
            Kluntinggggg……. Swara HPne Rara muni, dibukak HPne ana pesen WA sik ora reti kuwi nomere sapa “mbakkkkk” banjur karo Rara di bales “niki sinten nggih?” muk keletan pirang detik HPne muni meneh. “aku Adi mbak” tanpa basa basi Adi ngetik meneh tujuane ngirim pesen ning Rara, “mbak sakjane aku ki tresna karo kowe”. Rara kaget maca pesen WA ne seka Adi, banjur di balesi karo Rara “lo kok iso? Adi kowe ki gur tak anggep kaya adhiku dhewe dadi weslah aja terlalu berharap ngono. Kowe ya retikan? umure awakdhewe ki beda adoh, lagian aku ya wes duwe pacar, dadi maaf ya aku raiso bales tresnamu kuwi”. Adi balesi pesen seko Rara meneh “ ya mbak aku yo reti yen awakdhewe ki umure beda adoh tapi ning njaba kana ya akeh kan sek umure beda adoh tapi isa langgeng. Pancen mbak aku ki iseh cah cilik tapi aku iso kok bahagiake kowe”. Pesen sek terakhir kuwi gur di waca thok lan ora di balesi karo Rara. Bar Adi nyatake tresnane marang Rara, dheweke wes wegah ketemu meneh karo Adi. Yen ketemu ning dalan Rara ndelik. 

Selasa, 12 September 2017

Resensi novel

RESENSI NOVEL
Judul Buku : GUMUK SANDHI
Penulis : Poerwadhie Atmodiharjo
Perancang jilid : Ayi R. Sacadipura
Penerbit : PT Kiblat Buku Utama
Cithakan : Kaping Telu, Kiblat Buku Utama, 2011
Nomor : 396/KBU-J/2011
Tebel Buku : 101 halaman


RANGKUMAN NOVEL “GUMUK SANDHI”
Crita ing novel iki kang dumadi saka pasangan jalu lan wanita, kang disalirani dening paraga telu sinarawedi : Prawita, Marsini, lan Sudira. Novel iki ora kawiwitan saka ngarep, ananging alur kang wis nggambarake sawijining paraga lanang (Prawita) mlaku ijen ing tengah wengi kang sepi, karo ngenam pikir lan rasa. Dheweke lagi mulih saka dolan kanthi atine kang gumbira, nanging uga bingung merga ngadhepi kahanan kang ruwet. Wengine saya sepi lan sejatine Prawita kepengin enggal ketemu bojene, Marsini. Banjur ndongengake bab kewiyake papan dununge sudira saiki. Yen sudira saiki tinggale neng Kendal, pekalongan. Prawita, marsini, lan sudira iku kekancan kang rumaket sanget. Ing sakwijining dina sudira njaluk tulung karo prawita ngrabeni marsini, yen marsini ngandut anake sudira ananging sudira urung bisa tanggung jawab amerga ora direstui karo wongtuwane. Sudira janji yen wes setengah tahun bakal bali, nanging wes patang tahun ora bali-bali. Sejatine prawita uga marsini wis mikir piye bakal badhare prekara ing bebrayane. Pancen ora gampang ngrampungke prekara kang nggulet kluwargane, kang dening prawita diparibasakake kaya ngunggahi “gumuk sandhi”, kang blegere katon bisa biyasa. Nanging nyatane angel dilewati. Saksuwene bebrayan prawita timbul rasa katresnan marang marsini. Ananging prawita kepingin yen marsini bisa urip kang tentrem batine. Banjur prawita marani sudira ing Kendal gawa anake tujuane arep nagih janjine sudira marang marsini. Sawise ketemu sudira ora bisa nepati janjine, sudira njaluk yen marsini karo prawita tetep dilanjutke bebrayan. akhir ing cerita marsini lan prawita wes ora sandiwara meneh lan nduweni anak wadon lan dadi keluwarga kang bahagia

UNSUR INTRINSIK
1. TEMA
Crita ing novel iki ngandut tema kuluarga
2. PENOKOHAN
• Prawita : kang nduwe watak kang becik, lan iso nepati janji
• Marsini : kang nduwe watak kang becik
• Sudira : kang duweni watak ala lan blenjani janji
3. ALUR
Ing novel iki gunakake alur maju mundur (campuran)
4. SUDUT PANDANG
Sudut pandang ing novel iki gunakake sudut pandang wong ketelu serba reti (orang ketiga serba tahu)

KEluwihan
Novel Gumuk Sandhi pancen kaserat ing taun 1960-an, nanging tetep krasa nengsemake senajan diwaca saiki lan kapan wae. Amerga pamilihing masalah, panggrape paraga, panatane alur, lan panggambare swasana bisa trep, dene isine migunani tumrap kita murih landhepe nalar lan rasa. Para maos prayogane maos novel iki murih bisa ngalami swsana estetis secara pribadhi endahe Gumuk Sandhi iki.

KEKURANGAN
Novel Gumuk Sandhi iki gunakake basa jawa timuran. Dadi akeh tembung-tembung kang rada ora mudeng yen sing maca udu tiyang jawa timur