TRESNA SEGITIGA
Bel
istirahat wes muni tetttttt tetttttt
Ani : “Eh mas dimas… mreneo sikik aku arep
ngomong penting!”
Dimas : (Mlaku marani Ani) “piye an? Penting banget
po?”
Ani : “iyo, kowe mengko sore jam 4 selo ora?”
Dimas : “selo sih.. la piye, ana apa?”
Ani : “nek selo tulung temuni aku neng taman
lampion mengko sore yaa!”
Dimas : “la eneng apa to an?”
Ani : “ya pokoke rono o mengko sore jam 4.”
Dimas : “ya mengko tak rono”
Ing
taman lampion jam 4 Ani wes nunggoni tekane Dimas. Ora let sedela Dimas tekan.
Dimas : “piye an kadingaren kwe ngejak ketemu ning
kene?”
Ani : (tanpa basa basi Ani langsung nyampeke
karepe sek wes di simpen suwe ning njero atine) “ngene mas, aku ki sakjane wes
suwe tresna marang awakmu nanging aku wedi arep nyatake rasa tresna ku iki. Iya
pancen ora semestine yen cah wedok kuwi nyatake tresno sikik. Nanging piye
meneh aku wes ora sanggup nyimpen rasa iki”
Dimas : “An, kowe ki wes tak anggep gur kanca, dadi
njaluk pangapura aku ora bisa nampa tresnamu kuwi”
Ani : “lohhh… keneng apa kok kowe raisa nampa
tresnaku iki, apa ra ana kesempatan nggo bukak atimu?”
Seka kadohan ana sek jeluk Dimas
Sri : “mas dimasss” (karo marani dimas)
Dimas : “ehh sri rene.”
Sri : “ Sorry ya, aku telat merga mau nunggu
angkote suwe”
Ani : “iki sapa mass?”
Dimas : “ wo iya.. iki kenal ke jenenge Sri, pacarku”
Sri : “aku Sri mbak.” (karo ngulungke
tangan)
Tanpa omong apa-apa lan ora nggagas tangane Sri, Ani
lunga tanpa pamit. Dheweke reti keneng ngapa tresna ora dibales ya mergo Dimas
uwes duwe pacar.